Tuesday, January 24, 2012

Alala Tanalul ‘Ilma (1) -tuntunan bagi para penuntut ilmu-


Kitab Ala la Tanalul ‘Ilma
Muhammad bin Ahmad Nabhan.
Pesantren Agung Lirboyo, Kediri.
________________________________
Ilingo gak khasil ilmu anging nem perkoro
Bakal tak ceritakke kumpule kanthi pertelo
*
Rupo limpad, lobo, sabar, ono sangune
lang piwulange guru lan sing suwe mangsane
*
Jo takon songko wong siji takono kancane
kerono saktemene konco manut kang ngancani
*
Yen ono konco olo lakune ndang dohono
yen ono konco bagus enggal ndang kancanono
*
Ngajiho kerono ilmu mahesi ing ahline
lan ngunggulke lan dadi tonndho tingkah pinuji
*
Onoho ngalap faedah saben dino ing tambah
songko ilmu lan nglangi segoronr faidah
*
Ngajiho fikih kerono ngunggulke lan nuduhke
maring bagus lan wedi Allah luwih jejekke
*
Ilmu fikih kang nuduhke dalane pituduh
Hiyo benteng kang nylametake sekehe pekiwo
*
Wong ngalim fikih siji tur kang ngedohi haram
luwih abot timbang ‘abid sewu, mungguh syaithon
*
Gedhene kerusakan wong ngalim gak ngelakoni
Luwih gedhe timbang iku wong bodho ngelakoni
*
Karone iku agung-agunge fitnah dunyo
Tumrape wong kang tetanggan perkoro agama
*
Siro kepingin dadi ‘alim fikih kang weco
ra tanpo kangelan edan iku werno-werno
*
Onoto golek arto ora kanthi kangelan
dene ilmu koyo opo khasil gak kangelan
*
Naliko sampurno akale kedhik guneme
lan nyatakno kumperunge wong yen keh guneme
*
Matine wong sebab kepleset lisane
ora kok matine sebab kepleset sikile
*
Dene mlesete lisan nekakke balang endhas
dene mlesete sikil suwe-suwe biso waras
*
Wong duwe ilmu urip langgeng sakwuse mati
dene adon-adone bosok ning ngisor bumi
*
Wong bodho mati khale mlaku ning ndhuwur bumi
den nyono wong kang urip nanging podho wong mati
*
Kabeh wong maring derajat luhur obahe ati
Tapine kedhik poro rojul iku netepi
*
Naliko ono siro iku wuwuran kaum
mongko ngancanono siro ing baguse kaum
lan siro ojo sok ngancani wong kang asor
mongko sebab den sor ke serto kang asor
Tanbih:
Jumlah sedoyonipun wonten 37 podo/bait.
Kesambet ing sanes wekdal.
Mugi manfangati tumrap kito.


4 comments:

Unknown said...

kalo syair yang versi bahasa arabnya ada gak? boleh dishare dong....
susah banget carinya. :-(

firdayanti ( ier- dibaca -ir) said...

waduh, susah.
tapi kalo di foto mau ga?, aku foto manual kitab nya

Unknown said...

di scan kali ier, lebih oke :-)
atau kalau hard copy nya gimana :-)

firdayanti ( ier- dibaca -ir) said...

wkwkwk iya maksudnya di kasih foto scan . oke deh nanti kapan2 aku posting ^_^
makasih udah mampir